Adum Rejeki, Contoh Cerita Pendek Basa Jawa Tentang Persahabatan Anak

Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia Rafflesia Arnoldi oleh Hardi Cantrik
Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia Rafflesia Arnoldi oleh Hardi Cantrik

Contoh Cerita Pendek Basa Jawa Tentang Persahabatan Anak

“Assalamualaikum…” Widi uluk salam ing ngarep omahe Sunu.

“Waalaikumsalam…” swarane Ibune Sunu karo mbukak lawang. “O, Widi, ta, ayo terus menyang kebon mburi wae. Kae Sunu wis nunggu ning kana.”

Widi mlebu omahe Sunu banjur liwat lawang mburi menyang kebon nggoleki Sunu. Pancen Widi wis kulina ing omahe Sunu, malah wis kaya ing omahe dhewe. Widi kuwi tanggane Sunu tur ya kanca kenthele Sunu. Dadi, saking cedhake anggone kekancan, bocah Ioro mau wis kaya sedulur.

Sunu lan Widi kekancan wiwit cilik lan ora tau pisah. Wiwit cilik Widi kerep dititipake ing omahe Sunu nalika bapak lan ibune Widi dodolan kain ing Pasar Klewer, Solo. Dadi, Widi kerep ditinggal dhewekan.

Saben dolan ing omahe Sunu, Widi lan Sunu mesthi dolanan ing kebon mburi. Kebon sing kebak wit-witan ijo ngrembuyung uga akeh woh-wohan, ana wit pelem, jambu, jeruk, rambutan, lan duren. Kabeh wit-witan mau sing nandur bapake Sunu lan dirawat tenanan.

Mula, ora ngagetake yen saben mangsa woh-wohan kebone Sunu ngasilake woh-wohan sing akeh. Kala mangsa, nalika awohe akeh, bapake Sunu ya dodolan woh-wohan mau ing pasar utawa didol marang wong sing pengin tuku langsung saka uwite, sing diarani “nebas”.

Lha, saiki lagi usum jambu. Jambune gedhe-gedhe, rupane abang mbranang, marai wong padha kepengin. Widi gumun ngulati wit jambune Sunu. Lagi asik-asike ngulati jambu ngerti-ngerti Sunu wis ngadeg ing sandhinge, “Ayo, langsung ing lincak ngisor wit pelem wae. lki wis takgawake sekak kanggo dolanan. Yen pengin jambu iki wis dakgawakake. Mau esuk bapak lagi wae ngunduhi jambu sing sisih sandhinge.”

Tekan lincak, Sunu banjur mbukak sekak. Pion sekak ditata, Sunu milih pion ireng, Widi sing putih. Ora let suwe bocah loro mau wis asik main sekak sinambi mangan jambu. Wah seger tenan! Ditambah kenek semilire angin sing liwat saka sela-selane godhong pelem.

Cerita Cekak Basa Jawa

Lagi seneng-senenge dolanan sekak, dumadakan, “Pletak…!” Mak jenggirat, Sunu lan Widi kaget weruh watu sing lumayan gedhe tiba ing lincak cedhake Widi.

“He! Sapa sing mbalang!” Sunu mbengok karo clingak-clinguk.

“Sunu, dhelengen! Ana bocah-bocah ing mburi pager!” Widi ya mbengok karo nudhing pager sing ana ing mburi kebon.

“Woi! Arep maling jambu, ya!” omonge Sunu karo mudhun saka iincak.

“Ayo Wid, diparani. Aja nganti bocah-bocah kuwi mau mlayu!” Sunu lan Widi siap-siap mlangkah, nanging dumadakan Sunu lan Widi krungu swara.

“Ana apa ta kok padha ribut-ribut?” pitakone ibune Sunu saka Iawang pawon.

“Wonten lare-lare sing mathaki jambu, Bul” wangsulane Sunu, “Sunu oyak lare-lare punika nggih, Bu?”

Dumadakan, ora disangka-sangka, ibune Sunu mbengok, “He, bocah-bocah! Renea! Padha kepengin jambu, ya?”

Bocah-bocah sing padha ndelik pandeng-pandengan.Terus, siji-siji padha metu saka mburi pager karo wedi-wedi. Salah siji bocah manthuk-manthuk.

“Yen padha kepengin jambu, kenapa ora nembung wae? Mesthi diparingi,” ngendhikane ibune Sunu karo nyedhaki bocah-bocah kuwi mau.

Ibu banjur ngundang Sunu lan Widi, “Sunu, Widi, cepet opekna jambu kanggo bocah-bocah iki!”

“Inggih, Bu,” wangsulane Sunu. Sunu lan Widi kepeksa nurut dhawuhe Ibu. Karo mbesengut, Sunu lan Widi menek wit jambu. Ibu mlebu omah, let sedhela wis teka karo nggawa tas kresek gedhe warna biru.

Cerpen Bahasa Jawa

Sunu lan Widi mudhun saka wit jambu. Sunu lan Widi banjur mindhahake jambu sing padha digembol ing kaos menyang tas kresek. “Iki jambu kanggo kowe-kowe kabeh, dibagi rata, ya,” welinge Sunu nalika menehake jambu satas kresek.

“Matur nuwun,” wangsulane bocah-bocah kuwi mau bebarengan. Ibu mesem banjur maringi nasehat, “Aja dibaleni maneh ya tumindak ngono kuwi. Yen padha kepengin maneh, mrene wae.”

Sapisan maneh bocah-bocah kuwi padha matur nuwun. Ora lali salaman karo Ibu, Sunu, lan Widi. Karo nyangking tas kresek isi jambu, bocah-bocah mau banjur pamitan. Polatane dadi sumringah. Nalika wis tekan njaba pager, bocah-bocah mau padha rebutan jambu. Rame banget!

“Oh untung kala wau Ibu rawuh! Menawi boten, lare-lare wau sampun kula tinju,” omongane Sunu.

“Lan sami kula jewer kupinge, kula ithik-ithik ngantos ngornpol,” sumbare Widi ora kalah karo Sunu.

“Hahaha…,” Sunu ngguyu kepingkel-pingkel krungu omongane Widi. Ibu gedhek-gedhek mireng sesumbare Sunu lan Widi.

“Sunu, Widi, bocah-bocah mau tumindake pancen kliru. Nanging kowe ora kena terus mbales ngasari. Lan sing penting dingerteni yen sakjane jambu kuwi mau rejeki saka Gusti Allah. Yen diadum-adumake marang liyan, Gusti Allah mesthi maringi ganjaran. Sunu lan Widi manthuk-manthuk. Ibu mesem banjur mlebu omah.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.

Bagikan artikel ini melalui:

9 Replies to “Adum Rejeki, Contoh Cerita Pendek Basa Jawa Tentang Persahabatan Anak”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *