Memedi Pocong, Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Hantu

Api Unggun Pembawa Semangat
Api Unggun Pembawa Semangat

Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Hantu – Teng teng teng jam gandhul sing ana ing kamar tengah wus muni ping pitu, tandhane wus jam pitu bengi. Bapal lan Ibu sampun cepak-cepak arep tindak resepsi.

“Agam, ndang dirampungake PR-mu banjur turu, ya,” weling Ibu kanggo Agam.

“Siap, Kumendhan!” wangsulane Agam niru pak polisi yei njawab perintahe kumendhan.

“Yu, aja lali ngunci lawang,” welinge Bapak marang Yu Watik.

Sawise Bapak lan Ibu tindak, Yu Watik cepet-cepet nutup pager lan ngunci Iawang ngarep. Yu Watik banjur menyang kamar tengah nyetel tivi. Tivi murup. Yu Watik banjur mapan lungguh ing karpet.

Ceklik… ceklik, Yu Watik mijet remote control nggoleki stasiun tivi sing muter acara kesenengane.

“Asik filem memedi.” Yu Watik seneng banget banjur njupuk bantal sing ana ing dhuwur sofa. Bantal didekep kenceng kanggo jaga-jaga yen memedine metu.

“Wee seneng nonton filem memedi kok wedi,” Agam ngece Yu Watik.

“Pun kajenge,” wangsulane Yu Watik. “Mas Agam, ayo PR-e dipungarap. Sampun diweling Ibu, ta?”

Agam banjur mlebu kamar. Karo males-malesan, Agam nyoba ngrampungake PR-e. Nanging, guyu lan jeritane Yu Watik marai Agam kepengin nonton tivi. Agam metu kamar karo mlaku thimik-thimik. Agam lungguh alon-alon ing sofa sing ana ing mburine Yu Watik.

Cerita Pendek Bahasa Jawa

Babar pisan ora ana swarane. Meneng-meneng Agam melu nonton filem memedi. Agam kaya kena sihir. Agam pengin terus mangerteni critane filem kuwi. Nanging, dumadakan ana kadadean sing nggegirisi. Ana pocong ngoyak-oyak bocah cilik saumurane Agam.

“Tulung tulung…” bengokane bocah cilik mau.

“Hiiih…” Agam nahan ngeri lan wedine. Agam ora nyangka, pocong kuwi mau noleh lan ngonangi Agam sing ndhelik ana ing pager teh-tehan.

“Hihihi…” pocong kuwi ngguyu banjur nyedhaki Agam. “Bocah nakal, kowe wis ngganggu mangan bengiku.”

Bubar ngomong, pocong kuwi banjur ngilang. “Menyang ngendi pocong kuwi mau,” batine Agam keweden.

“Tenang … aman Poconge mesthi wus lunga ngoyak bocah cilik mau. Dadi, ora ana alesan wedi,” batine Agam ngayem-ayem dheweke dhewe.

Dumadakan, ana ayang-ayang putih mabur dhuwur banget. Agam mandengi ayang-ayang kuwi. Sanalika kuwi pocong wis ngadeg jejeg ana ing ngarepe Agam.

“Hah!” Agam dredheg, nganti ora bisa obah lan ngomong.

“Poc poc poc…” swarane Agam mandheg ana ing gulu.

“Tu tu… tul… tulung, tulung….” Pas rasa wedine Agam ora bisa ditahan maneh dumadakan Agam krungu swarane Ibune ngundang dheweke.

Swarane Ibu kuwi marai Agam kuat lan wani. “Saiki, aku ora wedi. Ayo, pocong, dak tantang kowe!” Agam ngadeg pasang kuda-kuda siap-siap njotos pocong sing arep nyedhaki dheweke.

Cerkak Basa Jawa

Tingtong …Tingtong Swara bel omah wus muni ping loro. Yu Watik kaget, mak jenggirat mlayu menyang lawang ngarep. Bapak lan Ibu wus rawuh.

“Keturon, ya, Yu,” sindire Ibu.

Yu Watik mbukak lawang karo isih ngucek-ngucek mripat. Yu Watik manthuk karo isin-isin.

“Ciat …ciat Rasakna jotosanku!”

“Swara apa kuwi? Agam?” pitakone Ibu karo mandengi Yu Watik. Ibu banjur cepet-cepet mlebu omah. Ibu kaget lan nggumun.

“Lho, Agam kok turu ana ing sofa? Agam, tangi, Le,” ngendikane Ibu karo ngobahake awake Agam.

“Aja mlayu kowe Pocong! lki rasakna bogem mentahku dhisik,” Agam mbengok banjur tangi. Tangane Agam isih njotos-njotos.

“Pocong? Agam ngimpi ala, ya?” pitakonane Ibu.

“Bar nonton filem memedi, ya?” Ibu noleh Yu Watik lan tivi sing isih urip.

“Nyuwun ngapunten, Bu. Dalem boten mangertos menawi Mas Agam ndherek mirsani tivi, wong kala wau Mas Agam wonten Kamaripun nggarap PR,” Yu Watik rumangsa salah.

 “Mulane, dadi bocah cilik ki aja seneng nonton film-film memedi kaya ngono. Dadi wedi dhewe, ta?” sahutane Bapak sing nembe rampung nglebokake mobile ana ing garasi banjur melu lenggah ing sofa nyedhaki Agam.

“Agam boten ajrih kok, Pak. Malahan kala wau Agam saged njotos poconge,” wangsulane Agam, “Cobi wau Ibu boten nangekaken Agam. Hmmm, Pocong wau bakal babak belur kenging bogem mentah kula,” sumbare Agam lucu banget amarga ngomong karo teklak-tekluk isih ngantuk.

“Wah kendel tenan anake Bapak. Ayo jagoan, turu ing kamar kana,” ngendikane Bapak karo mesam-mesem ngerti polahe Agam.

Karo semu isin Agam ngomong, “Dalu punika Agam tilem kaliyan Bapak lan Ibu, nggih?”

Owalah, tibake Agam yo wedi tho.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

6 tanggapan untuk “Memedi Pocong, Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Hantu”

  1. Critone medeni cak. Koyok jodoh wasiat bapak.

  2. Avatar Belajar Baik
    Belajar Baik

    Rodok lucu tapi medeni. Iso tak critakno maneh nang arek-arek.

  3. Avatar Mas Toni
    Mas Toni

    Critone koyok jaman cilikanku biyen. Aku yo seneng ndeleng tivi pilem drakula saben malem Jumat.

  4. Avatar Mbak Nanik
    Mbak Nanik

    Hiiiii….
    Aku kok wedi yo…

Tinggalkan Balasan ke Mbak Nanik Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *