Mister Landa, Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak

tataplah matahari dan abaikan bayanganmu
Gambar anak-anak sedang bermain dan bergaya memakai kacamata.

Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak – “Hai, Friend,” mangkono uluk salame Bagas saben ketemu kanca-kancane. Adate Bagas kuwi wis diapali kanca-kancane. Pancen, Bagas yen mbasakake kancane nganggo basa Inggris friend.

Ora mung kuwi, malah saben omongan ana wae tembung-tembung Inggris sing dienggo. Mula kanca-kancane ora nggumun maneh yen krungu Bagas ngomong, “Friend, aku go home dhisik, ya.”

Pancen, Bagas kondhang bocah sing kemaki. Sanajan uripe ing desa, nanging gayane Bagas ora kalah karo wong kutha. Model rambut dicukur kaya penyanyi tivi, sandhangan tansah apik, resik, lan larang regane.

Kuwi kabeh bisa keturutan amarga Bagas anak tunggal. Apa wae sing dijaluk mesthi keturutan. Apa maneh bapake Bagas paling sugih sadesaku. Ing desaku, Desa Umbulrejo, sangisore Gunung Merbabu, bapake Bagas duwe usaha kerajinan tembaga sing gedhe lan terkenal.

Akeh wong-wong saka kutha sing padha pesen kerajinan tembaga ing perusahaanne bapake Bagas. Malah saka critane Bagas, wong-wong luar negri uga seneng karo hasil kerajinane bapake Bagas. Wong-wong luar negri akeh sing seneng amarga hasil kerajinan tembagane apik tenan.

“Friend, wingi ana wong Landa tilpun ing HP-ne bapakku arep pesen kerajinan tembaga. Gandheng bapakku nembe siram banjur aku sing ngangkat lan njawab tilpun kuwi. Aku banjur ngomong-omong karo Landa kuwi nganti suwe,” mangkono umuke Bagas ing ngarepe kanca-kanca.

“Gas, ngomongmu karo Landa ngganggo basa apa? Basa Inggris apa basa Jawa?” Pitakonku kepengin ngerti.

“Mesthi wae nganggo basa Inggris, Friend. Mosok omong-omongan karo Landa nganggo basa Jawa,” wangsulane Bagas gagah banget. Aku sakanca nampa wae apa sing dicritakake Bagas.

Cerpen Bahasa Jawa

Aku sakanca sungkan yen nganti mbantah critane Bagas. Amarga aku sakanca yen nonton tivi ing omahe Bagas. Ing desaku sing daerahe awujud bukit-bukit ora bisa nangkep siaran tivi yen ora nganggo antene parabola.

Lha ing desaku mung omahe Bagas wae sing pasang lan duwe antene parabola. Mula, aku sakanca nonton tivi bareng-bareng ing omahe Bagas. Yen pas nonton tivi bareng-bareng, Bagas dadi kaya juragan cilik. Kanca-kanca lungguh jogan, Bagas lungguh neng sofa sing empuk, tangane nyekel remote control kanggo ceklak-ceklek nggonta-ganti saluran stasiun tivi.

Yen wis nonton tivi, Bagas sok paling ngerti dhewe banjur nerang-nerangake marang kanca-kancane. Apa maneh yen ana film apa lagu-lagu sing nganggo basa Inggris. Wah, Bagas dumadakan dadi juru penerange. Nirok-nirokake basa Inggris sing ora karu-karuan. Aku lan kanca-kanca mung meneng wae, amarga pancen ora ngerti basa Inggris lan luwih ora ngerti apa sing diterangake Bagas.

Tingkahe Bagas saya kemaki lan yen ngomong saya keinggris-inggrisan. Nanging polah kemakine Bagas kuwi mau ora suwe nganti ana kadadean sing marai Bagas keweleh.

Ing desaku saben taun kanggo nyambut sasi Pasa biasane nganakake acara bersih desa. Acara kuwi dilaksanakake pas sadina sadurunge mlebu sasi Pasa. Saka critane Pak Modin, acara bersih desa kuwi dadi salah sawijining tradhisi desaku sing wis dilakoni turun-temurun atusan taun.

Bersih desa kuwi dadi wujud rasa sukur warga desa amarga diparingi keslametan sajroning setaun nganti bisa mlebu sasi Pasa maneh, sasi sing kebak berkah saka Gusti Allah. Pungkasane acara bersih desa ing desaku, kabeh warga desa padha nggawa tampah sing isine sega gurih, lawuh komplit, buah-buahan, lan jajanan pasar aneka warna.

Tampah-tampah kebak panganan mau banjur diarak menyang sendhang dhuwur desaku. Lanang-wedhok, tuwa-enom, gedhe-cilik, kabeh melu mlaku arak-arakan nganti tekan sendhang. Tekan sendhang, warga desa banjur nyelehake tampah kebak panganan mau ing latar sing wus dijerengi klasa pandan.

Pak Modin banjur njupuk banyu saka umbul sendhang sing tansah ngetokake banyu. Banyu saka umbul mau diwadhahi kendi banjur selehake ing ngarep tampah-tampah panganan.

Sawise kuwi, tampah-tampah panganan banjur didongani bareng-bareng dipimpin Pak Modin. Rampung didongani tampah panganan mau banjur dienggo rebutan wong-wong sing teka. Mesthi wae pas acara kuwi desaku dadi rame banget.

Wong-wong saka desa liya padha teka, malah ana sing saka Kutha Solo, Yogyakarta, lan Semarang. Wong-wong kuwi mau padha dolan ing desaku, pengin ngerti ramene acara bersih desa.

Cerita Cekak Boso Jowo

Nah, pas bersih desa taun iki ana wong Landa lanang sing teka. Kathokan cendhak, kalungan kamera foto, lan ing gegere ana tas ransel gedhe warna biru. Wong Landa mau ing tengah-tengah warga desa dadi ketok duwur dhewe. Apa maneh rambute sing semu kuning nyolok mata ketok banget saka kadohan, marai gawe penasaran aku sakanca.

Amarga pengin ngerti lan ben ora dadi penasaran, akhire kanca-kanca usul supaya nggoleki Bagas ben bisa dadi juru bicarane kanca-kanca kenalan karo Landa mau.

“Bagas Bagas Bagas…,” aku sakanca nyeluki Bagas. Krungu jenenge diceluki kanca-kancane ing karamean Bagas dadi nggaya banget. Mlakune digagah-gagahake pas nekani rombongane kanca-kanca.

“Ana apa, Friend?” Gaya omongane Bagas mulai metu, “Kok celuk-celuk sajak penting banget. Please, ana apa, ta?”

“Kae lho Gas, ana Landa sing teka. Kanca-kanca pengin kenal karo Landa kae. Lha, sakanca sing bisa ngomong Landa rak mung kowe, ta? Mula kowe kudu ngajak kenalan Landa kae, ajaken omong-omong ben kanca-kanca dadi bisa kenal karo Landa,” Sardi akhire sing njawab.

Mak jenggirat! Bagas kaget banget bareng ngerti ana Landa teka ing sendhang. Dumadakan raine Bagas dadi abang mbranang. Lambene pucet. Durung nganti Bagas mangsuli penjalukane Sardi, kanca-kanca wis padha nyeluki Landa mau karo ngawe-awe.

“Hee, Mister… Mister Landa…!” Rumangsa diceluki bocah-bocah, Landa mau banjur mlaku nyedhaki rombonganku.

Saya cedhak Landa mau, raine Bagas saya abang. Pas Landa mau tekan, kanca-kanca padha njorokake Bagas supaya ngomong karo Landa kuwi. Nanging Bagas mbisu wae. Ora ana swarane sing metu.

“Ayo, Gas, Landa kuwi ajaken ngomong, takonana saka ngendi,” omonge Sardi ora sabar. Bagas isih tetep meneng.

“Cepet, Gas, takonana Landa kuwi saka ngendi nganggo basa Inggris mengko selak lunga,” Joned uga melu dhesak Bagas.

Bagas mung meneng wae, raine saya abang. Gayane sing kemaki dadi ilang. Malah ketok yen awake Bagas dadi ndredheg lan metu kringete. Aku sakanca ulat-ulatan nunggu Bagas ngomong.

Dumadakan, mak jranthal Bagas mlayu banter banget ninggalake kanca-kanca. Ngerti Bagas mlayu, aku sakanca dadi pandeng-pandengan bingung. Landa mau mung mesam-mesem, ngulati siji-siji kancaku. Banjur Landa mau ngomong, “Hei, bocah mau kok malah mlayu? Wedi karo Landa, ya?”

Aku sakanca dadi kaget ana Landa ngomong basa Jawa. “Lho, Mister saged basa Jawa, ta?” pitakonku sakanca gumun. Wong Landa mau manthuk.

Dheweke banjur ngenalake yen jenenge Kevin, asale saka Amerika dadi dudu saka Landa. Kevin crita yeng wis setaun iki ajar ndhalang lan ajar gamelan ing Kraton Kasunanan Surakarta utawa Solo. Sadurunge ajar ndalang, Kevin wis ajar basa Jawa dhisik, malah krama inggil uga bisa.

Wah, tiwas Bagas mlayu, jebul Mister Landa pinter basa Jawa. Ngerti ngono, aku sakanca dadi ngguyu kekel. Bubar kadadean ing acara bersih desa, Bagas dadi meneng lan wis ora kemaki.

Saiki yen ketemu kanca-kanca wis ora ngomong, “Hai, Friend” maneh. Omongane uga wis biasa ora dicampur-campur basa Inggris. Saiki genti kanca-kanca yen ketemu Bagas padha uluk salam, “Hai, Friend Bagas.”

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

13 tanggapan untuk “Mister Landa, Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak”

  1. aku tresno iki blog , aku wong bugis tapi kanca-kancaku wong jowo kabe

  2. […] Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti – Kampung Sidodadi sawijining kampung cilik ing kutha Sragen sing isih asri pemandangane. Hawane isih sejuk durung akeh polusi amarga akeh wit-witan gedhe ngrembuyung ijo godhonge. […]

  3. Avatar Sudarmaji
    Sudarmaji

    Apik tenan cerpene. Ijin kulo conto nggeh mas.

  4. tidak banyak blog pribadi yang mau mengulas bahasa daerah. salut untuk mas agus yang konsisten ngeblog bertahun-tahun dengan topik budaya jombangan.

  5. Anak jaman sekarang banyak tingkah. Pintar sedikit sdh sombong.

  6. Avatar Yudi Acro
    Yudi Acro

    Wong londo yo ono sing iso boso jowo cak.

  7. Avatar Cak Panut
    Cak Panut

    Aku ora iso mbayangno ndahneyo kedadean iki dilakoni kancaku.

  8. Avatar Belajar Baik
    Belajar Baik

    Critone lucu. Wong sombong pancen kudu dikapokno.

  9. Avatar Mbak Ani
    Mbak Ani

    Arek mayak kudu dikapokno. Sukurmu kapan nek ngunu.

  10. […] Jawa berbunyi anak polah bapa kepradah berlaku bagi setiap perbuatan kids jaman now. Kali ini terjadi di lingkungan tempat tinggal saya. […]

  11. Tulisan iki apik tenan. Aku seneng mocone.

  12. Avatar Noto Sukses
    Noto Sukses

    Jaman sak iki opo isik onok artis kampung?

Tinggalkan Balasan ke Orjia Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *