Oleh-oleh Saka Luar Negri, Contoh Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga

Tips Beradaptasi dengan Perbedaan di Negara Lain Untuk Mahasiswa Study Abroad
Tips Beradaptasi dengan Perbedaan di Negara Lain Untuk Mahasiswa Study Abroad

Contoh Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga – Minggu esuk iki Dito ora kaya biasane. Dito katon wira-wiri ana ngarep omah. Dito katon kwatir, kamangka biasane dina Minggu esuk ngene iki Dito dolan karo kanca-kancane numpak pit biru kasenengane, mubeng-mubeng kompleks perumahan utawa dolan ing taman kutha.

“Dhuh Bapak kok ora rawuh-rawuh, ta?” Dito gemreneng dhewe. “Apa dalane macet, ya? Apa montor mabure telat, ya? Kira-kira Bapak ngasta oleh-oleh apa, ya? Montor-montoran, robot, utawa …?”

Wo Dito jebulane lagi nunggu bapake kondur saka luar negri. Bapake Dito lagi ditugasake kantore rnenyang Negara Walanda. Negara sing kasuwur kembang tulip utawa Negara Kincir Angin.

Dito katon mrengut. Dumadakan, Bim-bim! Swara klaksone taksi krungu saka dalan mlebu perumahan. Mak jenggirat! Dito banjur ngadeg. “Iku mesthi swara taksine Bapak!” batine Dito.

Dito banjur mlayu metu ing njaban pager.”Hore… Bapak rawuh!” Dito dadi sumringah. Dito banjur salaman karo Bapak sing lagi mbukak lawang taksi. Ora lali Dito nampani tase Bapak sing abot banget.

“Wonten oleh-oleh kangge Dito boten, Pak?” pitakone Dito karo menggeh-menggeh amarga kabotan nggawa tase Bapak sing gedhe.

“Eneng,” wangsulane Bapak karo ngrangkul Dito mlebu menyang omah. Dito ora sabar ngenteni apa ta oleh-olehe Bapak.

“Dito, saiki oleh-olehe Bapak ora montor-montoran utawa robot-robotan kasenenganmu, nanging Bapak ngasta oleh-oleh sing luwih gedhe manfaate,” ngendikane Bapak karo mbukak lerekan tas.

Dito rada gela krungu ngendikane Bapak. “Walah, paling-paling soklat,” batine Dito karo mucu-mucu.

Cerpen Bahasa Jawa

Nanging, bareng lerekane tas dibuka Bapak lan Dito bisa nginjen apa ta oleh-oleh sing diasta Bapak, Dito njerit, “Wah, bukune akeh banget, Pak, gek apik-apik sisan!”

“Lha, iki lho oleh-olehe Bapak. Buku kanggo nambah perpustakaanmu,” ngendikane Bapak karo maringi satumpuk buku saka njero tas. Ana buku bab kewan, kendharaan, wit-witan, lan buku-buku crita.

“Matur nuwun, Pak, Dito badhe ngopeni buku-buku menika kanthi sae,” janjine Dito.

Nalikane Dito lagi nonton buku-bukune sing anyar, Adi, Robi, lan Hasan uwis padha nunggu ing taman kutha. “Dito ing ngendi ta, kok ora ketok?” pitakone Adi. “Ora biasane dheweke telat.”

“Lara, apa, ya?” wangsulane Hasan. “Apa mungkin diajak ibune menyang bandara. Bapake Dito dina iki kondur saka luar negri, ta?” kandane Robi.

“Bapake Dito wis rawuh. Aku mau weruh mudhun saka taksi,” saute Amri sing lagi teka nganggo sepatu roda.

“Wah yen ngono ayo dolan menyang omahe Dito. Mesthi ana dolanan anyar saka luar negri. Awake dhewe bisa nonton lan nyilih,” usule Adi. “Nanging yen entuk disilih.”

“Yo ayo padha mrana,” Hasan ngajak kanca-kancane.

Kanca-kancane Dito banjur mangkat menyang omahe Dito. Ing ngarep pager omahe Dito, bocah papat mau banjur ngucapake salam rame-rame.

Cerkak Basa Jawa

“Assalamualaikum….”

Kring-kring Bel sepedhane padha diunekake bareng-bareng.

“Waalaikumsalam,” wangsulane Ibune Dito sing badhe mbucaI larahan ing pawuhan sing ana ing njaba pager.

“Nggoleki Dito, ya? Kae Dito ana njero, ayo mlebu!” ibune Dito ngajak mlebu Adi, Amri, Robi, lan Hasan.

Bareng wis padha ing emper omah, Dito metu males-malesan. “He, Dit aku krungu bapakmu lagi kondur saka luar negri, ya. Wah mesthi entuk dolanan anyar maneh, ya?” pitakone Amri ora sabar.

“Eh ora, bapakku ora ngoleh-olehi aku dolanan,” wangsulane Dito.

“O…” Adi, Amri, Robi, lan Hasan padha pandeng-pandengan rada gela.

“Apa iya, ta, Dit? Banjur oleh-olehe bapakmu apa? Klambi anyar saka luar negri? Apa sepatu anyar? Apa tas anyar? Apa boneka anyar hehehe,” pitakone Hasan karo cengar-cengir.

“Lho, kuwi buku-buku anyarmu ta, Dit? Akeh banget!”

Adi ngomong karo nginguk ing njero omahe Dito saka mburi lawang. Adi, Amri, Robi, lan Hasan ya pengin weruh. Kabeh banjur padha melu nginguk.

Dito bingung-bingung tenan. “Aja koksilihake yen ora kepengin bukumu kucel lan rusak,” bisikane atine Dito sing ala.

Atine Dito sing becik mangsuli, “Disilihke wae! Kowe kan yo kerep nyilih dolanane kancamu, ta!”

Dumadakan swarane Adi ngagetake Dito, “Aku lan kanca-kanca entuk nonton bukumu sing anyar ora, Dit?”

“Wah mesthi entuk banget. Bapak mundhut kanggo kowe barang. Buku kuwi isine ilmu sing bisa disinau,” wangsulane Bapak sing lagi medal saka kamar. “Lak iya ta, Dit?”

“Eh, leres Pak,” wangsulane Dito kaget, arepa ing njero atine Dito ora bisa ngilangake rasa was-wase. Nanging sajake Bapak ngerti apa sing dipikirake Dito.

“Matur nuwun, om, ” wangsulane Adi, Hasan, Robi, lan Amri.

Sadina bocah-bocah mau pada kesenengen maca buku-bukune Dito sing anyar nganti meh arep sore.

“Wah wis sore ki, ayo mulih dhisik, ” Hasan ngelingake kanca-kancane.

“Iya,” ngendikane ibune Dito, “padha adus-adus dhisik kana. Macane ditutugkake sesuk.”

Bocah papat banjur pamitan ibu Ian bapake Dito. Ora Iali beres-beres buku dhisik sadurunge lunga. Dito atine lega, tibake kanca-kancane bisa njaga buku-buku kuwi. Buku-bukune ora ana sing rusak babar blas.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

14 tanggapan untuk “Oleh-oleh Saka Luar Negri, Contoh Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga”

  1. Sae sanget mas. Matur suwun.

  2. Artikel yg bagus mas. Salut.

  3. Sesama teman semestinya saling menolong. Tulisan bagus mas utk belajar.

  4. Barang anyar biso manfaati yen digawe kabecikan. Mulo kudu ikhlas paring paring.

  5. Critone apik tur mendidik mas.

  6. Avatar Putri Jawa
    Putri Jawa

    Crito iki kudu diwoco lan dipraktekno. Apik tenan.

  7. Terima kasih sdh bantu tugas saya.

  8. Avatar Arifin
    Arifin

    Ceritone apik cak. Suwun.

  9. Avatar Tholib
    Tholib

    Tulisan iki iso dadi pitutur kanggo wong tuwo.

  10. Critone runtut kaya pilem. Apik tenan mas.

  11. Mulane sing rukun karo kanca. Nek duwe rejeki sing seneng mbagi.

  12. Aku seneng moco artikel iki.

  13. Gaya basa ne opo si ng crita iki,coba jelaske

Tinggalkan Balasan ke Arifin Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *