Sepatu Anyar, Kumpulan Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak

Kata-kata Mutiara Tentang Pakaian
Kata-kata Mutiara Tentang Pakaian

Kumpulan Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak – “Wadhuh piye ya, sesuk nganggo sayak apa, ya? Terus sepatune sing endi, ya?” Mimi wira-wiri ana ing ngarep lemari pakaian karo miling-miling sayak sing arep dienggo ing pesta ulang taune Ririn.

Critane, awan mau ing sekolahan, Mimi entuk undhangan pesta ulang taune Ririn sing arep dirayakake sesuk Minggu. Mimi seneng banget. Mimi pancen seneng pesta amarga ing pesta dheweke bisa mamerake sayake sing apik-apik lan larang.

Bapake Mimi pancen sugih. Mimi sing jenenge dhawa Rara Utami Suryonegoro iku anake juragan batik sing sugih. Bapake, Pak Suryonegoro, kerep tindak menyang luar negri. Mimi kerep ditukokake barang-barang sing larang saka luar negri awujud sepatu, tas, jam tangan, lan uga dolanan.

Barang-barang kuwi mau banjur dipamerake kanca-kancane ing sekolahan. Awan iki, sawise mulih sekolah, Mimi banjur mlebu ing kamare. Kabeh isi lemarine diobrak-abrik. Sayak, tas, lan macem-macem panganggon liyane, kayata anting-anting, kalung, gelang, lan ali-ali ditokake kabeh sanajan, Mimi durung ganti klambi sragam.

Mbok Nah, rewange Mimi sing kawit mau ngakon Mimi mangan awan dhisik ora digagas. Akhire, Mimi kekeselen banjur keturon. Nalika turu, Mimi ngimpi nekani pesta. Mimi nganggo sayak warna abang mbranang lan uga sepatu abang. Ing pesta kuwi Mimi dadi kembang pesta. Kabeh undhangan sing teka pada kasemsem marang ayune Mimi.

Cerkak Basa Jawa

Dumadakan, Tok! Tok! Tok! Ana sing ndhodhok lawang kamare Mimi. Mimi mak jenggilak tangi karo bingung. Lamat-lamat, Mimi krungu swarane Ibune. “Mimi, Mimi, ayo bukak lawange! Kowe durung mangan awan, lho.”

Mimi kaget banjur mbukak lawang kamare. Ibune Mimi ndomblong pirsa kamare Mimi sing kaya kapal pecah. “Mimi, Mimi, ana apa iki, kok sayak, sepatu katon awut-awutan ing ngendi-endi? Gek durung ganti sragam barang.”

Mimi kepeksa crita ibune ngenani undangan pesta saka Ririn. “Bu, rencangi Mimi milih sayak kangge pesta. Dinten menika sampun dinten Jumat, lho. Benjing Sabtu. Dados, kantun kalih dinten pestanipun.”

“Iya, mengko Ibu pilihke. Saiki ganti klambimu dhisik, terus mangan awan,” dhawuhe ibune Mimi.

“Inggih, Bos!” wangsulane Mimi.

Mbok arepa ibune wis milihake sayak pesta kanggo Mimi, nanging Mimi isih durung ayem atine. Saben bengi, dheweke ngilo karo matut-matutake awake sing nganggo sayak pesta.

Mimi mlaku wira-wiri megal-megol kaya pragawati nganti tengah wengi, nganti rong dina iki dheweke tangi kawanen terus. Akhire, wis tekan malem Minggu. Sesuk esuk kuwi dina sing dienten-enteni Mimi. Bengi iku Mimi ora bisa turu. Mimi terus mbayangake ramene pesta ulang taun ing omahe Ririn.

“Ah, aku mesthi dadi tamu sing paling ayu,” batine Mimi.

“Dandanane Sari, Lia, Dini mesthi biasa-biasa wae. Sayake mesthi ya ora apik kaya sayakku.”

Mimi nglamun terus, nganti ora krasa yen wis jam siji bengi. Nanging, akhire Mimi keturon dhewe. Mimi angler nganti ngimpi apik banget. Dumadakan, kukuruyuk kukuruyuk. Swara jago kluruk wis muni bola-bali. Nanging nganti srengengene duwur, Mimi durung tangi.

Ora ana wong sing nangeke Mimi. Mbok Nah wis mangkat menyang pasar lan bapak ibune Mimi uga uwis tindak mlayu-mlayu esuk, kaya biasane yen dina Minggu esuk. Mimi njenggelek tangi nalika krungu jam tembok muni ping sanga.

“Oh, wis jam sanga! Aku telat teka ing pesta!” Mimi mbingungi dhewe.

Cerpen Basa Jawa

Mimi banjur mlayu menyang kolah, adus byar byur byar byur. Bubar adus, Mimi langsung nyaut sayak pesta sing wis dipilihake ibune. Banjur set set set set dandan lan pupuran, ora lali nganggo bando, anting-anting, kalung, lan gelang.

Ora krasa jam Winni The Pooh ing dhuwur meja riase Mimi pandome ana ing angka sepuluh. “Wadhuh!” Mimi saya kemrungsung.

Mimi nyaut sepatune sing ditata ing rak sepatu. Sepatune Mimi akeh banget, pirang-pirang pasang. Mimi kesusu banget. Mimi langsung ngakon supire, Pak Pardi, ngeterake menyang omahe Ririn.

Nalika tekan omahe Ririn, pesta ulang taun wis dimulai. Mimi mlangkah mlaku katon yakin menyang tengah-tengah ruang pesta. Mimi ngumbar eseme marang tamu-tamu sing kabeh kanca sekolahane dhewe. Mimi banjur mlaku menyang panggonane Ririn, arep menehake kado.

Pas mlaku kuwi kabeh kanca-kancane padha ngulati Mimi karo mesam-mesem. Kanca-kanca liyane bisik-bisik banjur pada nglirik Mimi. Saya suwe saya akeh kancane sing nyawang dheweke karo nahan ngguyu.

Mimi dadi curiga, “Ana apa ta, kok kabeh padha ndelengi aku?”

Nalika Mimi isih bingung, dumadakan Adi ngomong seru, “Wah, ratune pesta nganggo sepatu model anyar!”

“Sepatu anyar?” batine Mimi. “Woo, mung amarga sepatu anyarku ta kanca-kanca dadi ribut.”

Hmm, Mimi bungah banget, ora siya-siya ditumbasake sepatu anyar bapake. Ora bisa nahan bungahe Mimi banjur ngulati sepatune. Mak jegagik! Mimi njondhil kaya kesetrum listrik. Sepatu sing dienggo tibake selen! Kiwa tengen beda warnane, sing kiwa abang lan sing tengen warna ijo!

“Oh oh oh sepatuku selen! Aku salah njupuk sepatu!” Mimi isin banget. Kepiye iki, lagi tekan ing pesta sepatune selen. Yen pamit mulih saiki mesthi kanca-kancane padha ngulati sepatune. Yen ora mulih mengko saya dadi guyone kanca-kanca.

Akhire Mimi mlayu metu saka ruang pesta karo nutupi raine. Mimi nyopot sepatune nalika wis ana ing njero mobil. Atine Mimi nggondok banget. Kabeh kayalane Mimi ora dadi nyata. Sadina Mimi ora metu saka kamare. Mimi nangis nanggung isin.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

12 tanggapan untuk “Sepatu Anyar, Kumpulan Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak”

  1. […] Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga – Minggu esuk iki Dito ora kaya biasane. Dito katon wira-wiri ana […]

  2. Avatar Geoffani
    Geoffani

    Kids jaman now makin sulit diajak belajar budaya daerah.

  3. Tulisan bagus mas. Biar anak2 kenal bahasa daerah.

  4. Nek nduwe sepatu anyar ora oleh sombong. Mesakno koncone sing kere.

  5. Avatar Vienda Wintari
    Vienda Wintari

    Crito iki apik. Iso digawe wewacan bocah sekolah.

  6. Crito iki iso tak bagikno nang anak-anakku.

  7. Avatar Mariyono
    Mariyono

    yoiku arek kemlinti dadi wirang dewe.

  8. Avatar Putri Jawa
    Putri Jawa

    Fotomodelnya bagus. Siapa tuh?

  9. Pamer itu dosa. Jangan ditiru.

  10. Bagus mas. Thanks.

  11. Avatar Tholib
    Tholib

    Jamanku cilik biyen ora iso tuku sepatu. Isone mung sandal jepit.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *