Tuku Sepedha Anyar, Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Budi Pekerti

Olahraga Jalan Sehat Siswa Baru dalam kegiatan Pengenalan Lingkungan Sekolah dan MOS di SDN Latsari
Jalin keakraban warga sekolah dengan cara olahraga Jalan Sehat Siswa Baru dalam kegiatan Pengenalan Lingkungan Sekolah dan MOS di SDN Latsari

Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Budi Pekerti – Sore kang endah, langit katon biru resik. Sumunare srengenge wis ora panas maneh, ngeneki wit-witan ndadekake ayang-ayang wit katon dawa. Mendah endahe! Sore iki kabeh katon nyenengake.

Semono uga ing ngarep omahe Adit. Tanduran sing bubar disirami Ibu katon teles lan seger.Tetes-tetes banyu sing isih ing godhong uga kembang kena srengenge dadi kaya kaca cilik-cilik.

Kabeh katon nyenengake, kajaba Adit sing lagi lungguhan ing teras omah. Ulate mbesengut, atine nggondok.

“Bapak kok durung rawuh, ta? Aku arep nagih janjine Bapak,” batine Adit. “Aja-aja Bapak kesupen menawa sore iki arep ngajak aku menyang toko sepedha.”

Adit tansah kelingan janjine Bapak menawa dheweke dadi juara kelas, arep oleh hadiah pit anyar sing kaya iklan tivi. Dumadakan, Ibu ingkang badhe nyapu jogan, njawil Adit sing lagi ngalamun.

“Adit, Bapak lagi wae nilpun ngabari saka kantor menawa sore iki sida menyang toko sepedha.” Krungu kabar kaya ngono, Adit seneng banget, sorak-sorak karo njoget-njoget.

“Hore hore …!” Adit banjur mlayu karo nyamber anduk lan mlebu kolah. Byur byur byur!

“Telung gebyuran dakkira wis cukup kanggo sore iki,” batine Adit.

Rampung adus Adit banjur cepet-cepet nganggo klambi, syet syet mlebu tangan tengen banjur tangan kiwa. Bar kuwi ngango kathok dawa lan jungkatan. Wah, Adit katon rapi tenan! Bim Bim! Bapak nglakson mobile ngode Adit supaya cepet.

“Nggih, Pak! Tunggu Adit sampun rampung!” wangsulane Adit karo nyamber sandal.

Cerpen Basa Jawa

Ing toko sepedha, Adit dadi bingung milih pit sing dikarepake amarga kabeh pite apik-apik tur warna-warnine katon nyenengake. Adit ndemoki siji lan sijine pit sing dijejer rapi. “Wah bingung aku,” sambate Adit. “Pripun punika, Pak. Pundi ingkang kula pilih?” Bapak namung mesam-mesem.

Adit muter-muter maneh karo ndelengi kanthi teliti pit-pit mau karo mikir-mikir. Akhire Adit milih.

“Punika kemawon, Pak, ingkang werna abrit,” Adit nduding salah sijine pit.

Adit yakin, kanca-kancane durung ana sing duweni pit kaya kuwi. Adit sajake wis mantep pilihane. Bapak banjur mbayar ana ing kasir. Tekan omah, Adit terus mandelengi pit anyare.

“Pancen jos tenan pitku iki,” batine Adit katon nggumun. “Aku yakin Bayu lan Antok mesthi bakal ngalem yen ngerti pitku iki. Sesuk aku arep nantang balapan pit. Nganggo pit anyar iki aku ora mungkin kalah.”

Bengine, Adit ora bisa turu amarga met-metan mbayangake piye komentare kanca-kancane karo pit anyare. Ora krasa wis wengi banget, Adit keturon angler banjur ngimpi melu balapan pit tingkat dunia.

Dumadakan, “Adit, tangi, Le, wis awan lho. Delengen kae srengenge wis dhuwur,” swarane Ibu kang lembut nangekake Adit.

“Adit, tasih ngantuk, Bu,” sambate Adit karo males-malesan malah bali kemulan maneh.

Nanging, Adit banjur kelingan niate arep marnerake pit anyare marang Bayu lan Antok. Gemregah Adit nyingkirake kemule banjur mlayu menyang kolah. Sawise adus Adit banjur ngetokake pit anyar saka garasi. “Bu, Adit badhe dhateng griyane Bayu rumiyin,” pamite Adit karo nyengklak sedel rada kesusu.

“Ngati-ati,” pesene Ibu. Ora suwe Adit wis tekan omahe Bayu. “Wah, pit anyar, ya? Keren tenan!” komentare Bayu pas ndeleng pit anyare Adit.

“Jelas… pite sapa sik… Adit!” guyone Adit bungah banget. “Ayo,Yu menyang omahe Antok.”

Cerkak Basa Jawa

Ora let suwe, Adit, Bayu, lan Antok pit-pitan ngubengi kompleks perumahan. Saking senenge pit-pitan nganti panas srengenge ora dirasakake apa maneh weteng keroncongan amarga luwe, ya ora krasa.

“Kanca-kanca… delengen ki, aku bisa ngetril nganggo pit anyarku,” bengok Adit karo ngangkat roda ngarep pit anyare.

“Ngati-ati Dit mengko tiba, lho,” Bayu lan Antok mbengok bareng.

“Wah, dasar jirih,” jawabe Adit tetep ngangkat ban ngarep pit anyare malah nggenjote pit saya dibanterake.

Dumadakan… brukkkk! Sing dikwatirake Bayu lan Antok kelakon tenan. Amarga numpak pit karo ngangkat ban ngarep, keseimbangane Adit ilang. Saya suwe mlakune pit saya oling, gliyur-gliyur… brukkk!

Adit tiba glasaran ing dalan, pit anyare gemlethak ing sampinge. Bayu lan Antok banjur nulungi Adit. Bayu nulungi ngadeg Adit, Antok ngedegake pit anyare Adit. Antok banjur mriksa karusakane pit.

Setang bengkong, porok ngarep nggaduk karo ban, dalangan sing maune mulus dadi lecet-lecet cete. Kepeksa pit anyare Adit didandakake ing bengkel sepedha. Setang pit sing bengkong dijejegkake, porok ngarep dilas, cet dalangan sing lecet-lecet dicet maneh.

“Wadhuh… bar tiba pit anyarku dadi ora ketok anyar maneh ki,” batine Adit getun baget.

Untunge Bapak lan Ibu ora duka. Bapak mung pesen, Adit kudu bisa ngrawat barang duweke dhewe kanthi setiti lan sing penting ora oleh pamer apa wae sing diduweni, amarga wong kang seneng pamer bakal keweleh.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

9 tanggapan untuk “Tuku Sepedha Anyar, Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Budi Pekerti”

  1. Avatar Cak Panut
    Cak Panut

    Ora oleh sombong. Karo kanca kudu tulung tinulung.

  2. crito apik cak. arek-arek kudu moco artikel iki.

  3. Avatar Mariyono
    Mariyono

    mulo yen duwo bondo ojo kroso biso.

  4. Matur nuwun infone cak.

  5. Avatar Xamthone
    Xamthone

    Terima kasih artikelnya

  6. Avatar Tholib
    Tholib

    Cilikanku biyen yo seneng dulinan sepeda.

  7. Mula aja sombong karo kekancan.

  8. Crita iki apik tenan. Aku seneng mocone.

  9. Avatar Norhamid Zaenal Arifin
    Norhamid Zaenal Arifin

    dadi wong ojo seneng pamer lan sombong,misale kue dw sepedah anyar sepeda iku mbok pamer pamer no,ngniku klakuan sng ora apik kanggo awak e dewe lan wong lio

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *