Artis Kampung, Sebuah Cerpen dari Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa

Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik
Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik

Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa – Wus sewulan iki kulawargaku pindhah ing Perumahan Griya Asri. Kaya perumahan-perumahan liyane, omah-omah akeh sing padha bentuke lan wit-witan sing ditandur ing pinggir dalan durung gedhe. Dadi, yen awan isih krasa panas.

Ing perumahan kuwi mung ana wit siji sing gedhe, yaiku wit asem ing sisih kiwane pos kamling ngarep perumahan. Wit asem mau wus ana sadurunge perumahan digawe lan sengaja ora ditegor. Amarga anane wit asem kuwi, pos kamling katon adhum lan enak banget kanggo lungguhan.

Aku Ian adhiku isih sekolah ing SD. Aku kelas lima, adhiku, Wati, kelas siji. Gandeng pindhah omah sekolahku uga pindhah. Saiki aku sekolah ing SD Teladan 2. Kebeneran sekolahan kuwi ana ing seberang Perumahan Griya Asri. Dadi, yen mangkat lan mulih sekolah aku lan adhiku cukup mlaku wae.

Dina kapisan mangkat sekolah liwat pos kamling, aku kaget banget. Ing lincak pos kamling ana wong lanang sing aneh lagi lungguhan. Pawakane ceking dhuwur, rambut njabrik disemir kuning kaya rambut Landa, clana jeans wus lawas nganti ilang warnane, sepatu boot ireng, kaos oblong putih kebak tulisan, jaket kulit, lan tangan kiwa-tengen nganggo gelang kulit sing ana wesine cringih-cringih. Gayane persis penyanyi rock.

Aku Ian Wati ora wani ndeleng wong mau. Mlaku ndingkluk nganti tekan pinggir dalan gedhe. Pas arep nyebrang dalan wong aneh kuwi nyedhaki aku Ian adhiku. Aku krasa wedi, aja-aja wong kuwi salah sijining penculik anak sing kaya ing berita tv. Saya dicedhaki wong mau, aku saya tambah wedi, malah Wati arep nangis.

Pas cedhak, Wati wus ora bisa nahan tangise. Mripate mbrebes, tangane nggondheli tanganku kenceng banget. Aku dadi wedi, sikil dadi krasa abot banget. Sajak ora nggagas yen aku lan adhiku wedi, wong aneh kuwi banjur mlaku ngliwati aku lan adhiku nganti tekan tengah dalan terus ndaplangake tangane kanggo nyegat kendaraan sing liwat.

Woo, jebul wong mau arep mbantu aku lan adhiku nyebrang dalan sing lagi rame. Ngerti mangkono aku lan adhiku banjur nyebrang. Tekan sebrang dalan aku wis ora wedi kaya mau maneh.

Cerpen Basa Jawa

Bubar kadadean kuwi aku dadi ngerti lan kenal wong aneh sing gawene mbantu nyebrangake dalan. Jebul ora mung aku sing gawene disebrangake dalan. Bocah-bocah liyane uga disebrangake. Saka kanca-kanca perumahan aku dadi ngerti wong aneh kuwi jenenge Mas Johny. Critane wong-wong perumahan, Mas Johny tau melu lomba nyanyi ing TV, nanging ora menang. Lha, bubar metu saka TV kuwi gayane Mas Johny sing kaya penyanyi rock keterusan nganti digawa saben dinane.

Amarga gayane sing aneh lan seneng nulung nyebrangake dalan, bocah-bocah perumahan padha seneng marang Mas Johny, semono uga aku. Satemene ora mung amarga kuwi bocah-bocah seneng, nanging amarga Mas Johny pinter banget ndongeng.

Dongenge aneh-aneh lan lucu, kayata dongeng sapi sing ora gelem mangan suket, nanging njaluk mangan permen coklat. Mula pas diperes susune sing metu dudu susu, nanging es cream! Dongeng wedhus sing swara embeke kaya swara klakson mobil, dadi saben ngembek wong-wong padha kaget dikira ana mobil liwat.

Ben padha percaya karo dongenge, Mas Johny janji arep nggawa wedhus kuwi ing perumahan sesuk dina Minggu. Horeee…. Horeee aku sakanca seneng banget mbayangake Mas Johny nggawa wedhus sing swara embeke kaya klakson mobil.

Minggu sore bocah-bocah wus padha kumpul ing lincak Pos Kamling nunggu Mas Johny. Ditunggu nganti sajam Mas Johny ora njedhul. Bocah-bocah wus ora sabar. Nganti adzan Maghrib Mas Johny tetep ora njedhul. Akhire bocah-bocah padha mulih kegelan.

Esuke Mas Johny tetep ora ketok ing pos kamling. Esuke maneliuga tetep ora ketok. Bocah-bocah akeh sing tetep nunggu Mas Johny, semono uga aku. Saben liwat pos kamling aku inguk-inguk dhisik sapa ngerti Mas Johny ana ing njero. Nanging Mas Johny tetep ora ana.

Cerita Cekak Bahasa Jawa

Nganti seminggu tetep ora ketok ing pos karnling. Wus rong minggu, Mas Johny ora ketok, Pos Kamling yen sore dadi sepi ora ana maneh swara bocah-bocah ngguyu gayeng. Nganti tekan sesasi Mas Johny tetep ora ketok. Akhire bocah-bocah wis padha lali marang Mas Johny. Kaya dina biasane mangkat sekolah aku ngliwati pos kamling.

Dina iki Pos Kamling rada beda. Ing lincak ana wong lanang sing pawakane kaya Mas Johny. Sing beda mung cara nyandhange. Yen Mas Johny kaya penyanyi rock, wong iki kaya artis ndhangndhut. Amarga penasaran dakwanek-wanekake nyedhaki. “Mas Johny, ta?” Wong mau noleh.

Wong mau banjur ngenalake jenenge: Jecky Irama, lagi wae mulih saka Jakarta amarga ora lolos audisi penyanyi ndhangdhut ing stasiun tv. Saiki pos kamling perumahan dadi rame maneh. Saben mangkat lan bubaran sekolah bocah-bocah sekolah disebrangake wong lanang sing mirip artis ndhangndhut. Uga saben sore pos kamling kebak swara bocah-bocah.

Kaya Mas Johny, Mas Jecky Irama ya pinter ndongeng. Dongeng lucu lan aneh, kayata dongeng wedhus sing lagi didandakake ing bengkel amarga swara embeke sing kaya swara mobil rusak.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

6 tanggapan untuk “Artis Kampung, Sebuah Cerpen dari Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa”

  1. Wah, critone apik tenan.

  2. Avatar Maria Heinze
    Maria Heinze

    Lucu juga klo ada satpam nyanyi dangdut waktu kerja.

  3. Avatar Cak Panut
    Cak Panut

    Kids jaman now polahe tambah akeh. Korban tayangan tivi.

  4. Avatar Belajar Baik
    Belajar Baik

    Masih ada ya orang allay kayak gitu?

  5. Avatar Mas Eko
    Mas Eko

    Gagal lolos audisi Indonesia Idol malah jadi artis kampung. Cerita yg lucu dan kekinian.

Tinggalkan Balasan ke Belajar Baik Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *