Bocah Kembar, Cerpen Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Hidup

Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik
Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik

Cerpen Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Hidup – Yuda lan Yudi bocah kembar. Yuda lan Yudi lagi sesasi iki pindah saka Kutha Yogyakarta menyang Kutha Solo. Bapake Yuda lan Yudi dipindhah tugas karo kantore, saiki dheweke manggon ing Kampung Rejomulyo, ing pinggiran Kutha Solo, sing isih akeh sawah lan kebonan.

Yuda lan Yudi seneng banget manggon ing kampung amarga bocah kembar mau nemokake kanca-kanca sing nyenengake. Kanca-kancane padha seneng dolan ing omahe Yuda lan Yudi amarga bocah kembar mau ora eman nyilihake dolanane. Saakehe dolanan, saka mobil remote control, game watch, robot-robotan, mobil-mobilan, nganti model-model dinosaurus oleh dienggo dolanan bareng karo kanca-kancane.

Nanging, ana polahane Yuda lan Yudi sing ora disenengi kanca-kancane. Yuda lan Yudi seneng ngganggu kewan-kewan. Kewan apa wae sing mlaku ing ngarepe mesthi diganggu. Ana-ana wae carane Yuda lan Yudi ngganggu kewan-kewan mau.

Kaya dina Minggu iki, Yuda ngajak Yudi, “Ayo, Yudi, kuthuk iki didhelikake! Babone mesthi bingung nggoleki!”

Sapisan pindho, kanca-kancane nganggep polahe Yuda lan Yudi sing seneng ngganggu kewan kuwi lucu lan isih lumrah. Kanca-kancane mikir bok menawa ing kutha Yuda lan Yudi arang nemoni kewan amarga ora ana sing ngingu kewan ing kutha. Pikire kanca-kanca polahe kaya ngono mau paling-paling mung sawetara.

Nanging, tibake kadadean kaya ngono kuwi dilakoni Yuda lan Yudi saben dina lan ora jeleh-jeleh. Sawijining dina, bocah kembar lan kanca-kancane dolanan layangan ing sawah. Ing sawah pas akeh ndokerok padha mabur.

Ngerti akeh ndokerok Yuda lan Yudi banjur lali karo layangane. Yudi banjur bisik-bisik karo Yuda. Bubar kuwi Yudi banjur ngomong marang kanca-kancane. “Kanca-kanca, timbang dolanan layangan, ayo padha nggolek ndokerok wae! Mengko ndokeroke ditaleni buntute nganggo bolah banjur diulukake kaya layangan!”

Krungu usule Yudi kanca-kancane kaget. Apa tumon, ndokerok kok arep dienggo dolanan kaya layangan. “Kuwi jenenge nyiksa kewan. Ngendikane Pak Ustad, nyiksa kewan iku dosa,” Amir mangsuli usule Yudi mau.

“Lho, awake dhewe ora nyiksa kok, mung ngejak dolanan ndokerok-ndokerok kuwi mau,” wangsulane Yuda ngewangi Yudi.

Yudi manthuk-manthuk setuju karo alesane Yuda. Nanging kanca-kancane tetep ora gelem melu dolanan ndokerok. Akhire, Yuda lan Yudi dolanan dhewe. Mlayu ngalor ngidul ngoyak-oyak ndokerok.

Yuda lan Yudi durung ngerti yen ndokerok kuwi mabure lincah lan cepet banget. Mencok sedilit banjur mabur maneh. Mesthi wae angel dicekel. Mulane Yuda lan Yudi durung bisa nyekel siji-sijia ndokerok. Akhire Yuda lan Yudi mung bisa nyabeti ndokerok-ndokerok mau nganggo alang-alang.

Cerita Pendek Bahasa Jawa

Sawise marem ngoyak-oyak ndokerok, Yuda lan Yudi banjur menyang kali ilen-ilenan sawah. Rencanane Yuda lan Yudi arep nggolek yuyu lan keong. Nanging, dumadakan Yuda Ian Yudi weruh semut ing suket sing ana ing pinggir kali. Yuda banjur nylentik semut kuwi mau. Semut kuwi nyegur ing kali lan keli.

“Tulung tulung …,” jeritane semut kuwi mau. Yuda lan Yudi ngguyu kepingkel-pingkel rumangsa oleh dolanan anyar. Banjur kuwi,Yuda lanYudi banjur keceh ing kali. Dumadakan, Yuda nduwe gagasan.

“Yudi, ayo nggawe wedi iwak-iwak sing akeh ing kali iki! Dibalangi nganggo krikil, yo!”

“Yo yo nglumpukake krikil dhisik!” wangsulane Yudi.

Byur Byur Byur..

Krikile dicegurake siji-siji ora uwis-uwis. lwak-iwak padha wedi lan bingung, nglangi ngalor kidul ngetan ngulon muter-muter ora karuan. Ndeleng ngono kuwi Yuda lan Yudi seneng banget nganti klambine teles kabeh.

“Wah piye iki, awake dhewe teles kabeh ngene. Ibu mesthi duka ki!” Yuda Ian Yudi pandeng-pandengan weruh klarnbine padha teles.

“Aja mulih dhisik, nganti klambine garing,” usuleYuda.

“Awake dhewe dede dhisik wae ing pinggir kali kene.”

“Nanging, aku wus luwe, Yud. Awake dhewe kudu mulih iki. Mengko matur Ibu wae yen awake dhewe ora sengaja kecemplung kali.”

“Usulmu top tenan,Yud,” wangsulane Yuda karo ngacungake jempol. Akhire, Yuda lan Yudi mutusake mulih arepa klambine padha teles. Nanging,Yuda lan Yudi ora ngliwati dalan kampung supaya ora ditakoni tangga-tanggane yagene klambine teles kabeh. Yuda lan yudi nrabas-nrabas Iiwat kebonan.

“He, Yud! Ana banyak karo anak-anake,” bengoke Yuda.

“Dioyak-oyak, yo!” Yuda lan Yudi banjur nggusahi banyak.

“Pyek pyek pyek ….” Banyake padha mlayu keweden.

Yuda lan Yudi ngguyu kepingkel-pingkel nganti ngos-ngosan. Kesel ngoyak-oyak banyak Yuda lan Yudi lungguhan ana watu gedhe ing pinggir dalan.

“Wah, dadi ngelak banget,” sambate Yudi.

“Kanggo tamba ngelak ngunduh jambune Mbah Marto kae, yo!”

Ora let suwe, Yuda lan Yudi wis ana ing ngisor wit jambu. Lagi asyik-asyike mlumpat-mlumpat amarga ora geduk anggone nyenggek jambu, Yudi weruh buntelan aneh ing dhuwur wit jambu. Yudi nggumun banget.

“Yud, apa ya sing gumandhul ana ing pang wit jambu kuwi?” pitakone Yudi.

“Aku ya ora ngerti. Lagi ngerti pisan iki,” wangsulane Yuda,

“Coba disenggek wae, yo!” Yudi manthuk-manthuk banjur nyenggolake kayu senggeke menyang buntelan aneh kuwi mau.

Nanging… dumadakan, “Tulung …tulung …,” Yuda lan Yudi bengok-bengok njaluk tulung karo mlayu banter banget. Ing mburine, grombolan tawon ngoyak Yudi lan Yuda. Oh jebulane buntelan aneh kuwi mau omah tawon.

Layak tawone ngamuk amarga rumangsa diganggu. Yuda lan Yudi sing wis teles tambah kebes klambine amarga nylametake awake nyegur ing blumbangan sing ana ing kebon kuwi.

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.


Comments

13 tanggapan untuk “Bocah Kembar, Cerpen Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Hidup”

  1. […] Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak – “Hai, Friend,” mangkono uluk salame Bagas saben ketemu kanca-kancane. Adate Bagas kuwi wis diapali kanca-kancane. Pancen, Bagas yen mbasakake kancane nganggo basa Inggris friend. […]

  2. […] Cerita Pendek Bahasa Jawa Tentang Hantu – Teng teng teng jam gandhul sing ana ing kamar tengah wus muni ping pitu, tandhane wus jam pitu bengi. Bapal lan Ibu sampun cepak-cepak arep tindak resepsi. […]

  3. […] Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah – Semburat srengenge lan pedhut esuk sing adem isih nutupi sekolah pas aku tekan gapura sekolahan. Kelas-kelas uga isih sepi. Daklirik jam tangan cilik abang enom ing tangan tengenku, hemmm… lumayan, isih ana wektu limalas menit sadurunge bel mlebu muni. […]

  4. Critone apik. Matur suwun pak.

  5. Cerpen yg bagus. Layak dibaca pelajar.

  6. Avatar Rikza Alfansyah
    Rikza Alfansyah

    Arek mayak model ngunu njaluk dikosek ben sadar.

  7. Iku ngunu dudu bocah nakal cak. Malah kudu dibina ben kreatifitase iso paring paedah marang sapada padane.

  8. Avatar Cak Panut
    Cak Panut

    Pantese arek loro iku dadi pawang gajah nang bonbin.

  9. Avatar Mas Gagah
    Mas Gagah

    Cerpen bagus mas. Pesan moralnya dalam.

  10. Avatar Hariono
    Hariono

    bocah kembar pancen kelakuane mirip. yen nakal yo podo nakal bareng.

  11. Avatar Edi Gellow
    Edi Gellow

    Tulisan keren utk belajar bahasa Jawa.

  12. Avatar Parman
    Parman

    Babahno ae masiyo onok arek cilik nakal. Engkok nek gede lak isin dewe.

  13. Apik tenan tulisanmu cak. Aku seneng mocone.

Tinggalkan Balasan ke Kipli Batalkan balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *