
Ket cilikanku biyen, sing tak eruhi tari ngremo iku yo mung sak macem ae. Gak onok tari remo liyane sing tak delok. Tapi sak iki aku baru ngerti nek ngremo iku maceme akeh. Ngremo iso bedo-bedo jenise tergantung asale saka kutho ngendi. Onok sing Remo teko Suroboyo, Jombang, Nganjuk, Malang, lan kutho-kutho liyane nang Jawa Timur. Salah sijine warisan budaya Jawa Timuran iki dek wingi ditampilno nang acara sing jenenge Festival Dolanan Anak Jombang. Aku kroso seneng iso ndelok ngremo nang Njombang sing ditampilno arek-arek sanggar tari Lung Ayu. (lebih…)