Dongeng mujudake crita rakyat kanggo nglelipur utawa ngisi waktu luwang, sing isine ngayawara utawa ora ana kasunyatane.
Tuladha dongeng yaiku fabel lan legendha.
- Fabel mujudake dongeng kang paragane wujud kewan sing atingkah laku kaya salumrahe manungsa: bisa omong-omongan, nindakake sawijine karya, tulung-tinulung, lan sapiturute. Tuladha: Kancil lan Tikus, Anak Wedhus Ian Serigala, Pitik karo Manuk Elang, Ian sapanunggalane.
 - Legendha mujudake dongeng sing nyritakake dumadine sawijine papan panggonan utawa kadadean alam. Tuladha: Banyuwangi, Jember, Surabaya, Ian sapanunggalane.
 
Titikane (ciri-ciri) dongeng, yaiku:
- Critane mung cekak wae;
 - Alure prasaja banget;
 - Ukara pambuka mawa tembung: dhek jaman biyen, biyen, Isp.
 - Sipate fiktif utawa ngayawara;
 - Ana paraga kang tumindak apik Ian ala;
 - Isine: bab-bab kang salaras karo kahanane bocah;
 - Ngandhut pitutur
 
Mupangat dongeng diwaca utawa dirungokake, ing antarane:
- Ngulinakna budaya maca (nalika diwaca).
 - Ngundhakake ketrampilan ngrungokake (nalika disemak).
 - Nanemake budi pakerti luhur.
 - Mbiyantu bocah tepung emosi (pangrasa batin).
 - Ngraketake gayutan emosional, nalika ditindakake antarane ibu Ian anak utawa simbah Ian putu.