Tag: kumpulan cerpen bahasa jawa

  • Udan Deres, Contoh Cerita Singkat Bahasa Jawa

    Jalan-jalan ke perkampungan nelayan Sidoarjo
    Jalan-jalan ke perkampungan nelayan Sidoarjo

    Contoh Cerita Singkat Bahasa Jawa – Wiwit esuk nganti awan srengenge ora ketok amarga kaling-kalingan mendung ireng sing sumubar rata ing langit. Hawa krasa adem amarga angin nggawa uaping banyu. Aku klisikan lungguh ing ruang tamu. Sedilit-sedilit ngulati njaba nganti ora nggagas yen Ibu wis ngadeg ing jejerku. (lebih…)

  • Tuku Sepedha Anyar, Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Budi Pekerti

    Olahraga Jalan Sehat Siswa Baru dalam kegiatan Pengenalan Lingkungan Sekolah dan MOS di SDN Latsari
    Jalin keakraban warga sekolah dengan cara olahraga Jalan Sehat Siswa Baru dalam kegiatan Pengenalan Lingkungan Sekolah dan MOS di SDN Latsari

    Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Budi Pekerti – Sore kang endah, langit katon biru resik. Sumunare srengenge wis ora panas maneh, ngeneki wit-witan ndadekake ayang-ayang wit katon dawa. Mendah endahe! Sore iki kabeh katon nyenengake. (lebih…)

  • Oleh-oleh Saka Luar Negri, Contoh Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga

    Tips Beradaptasi dengan Perbedaan di Negara Lain Untuk Mahasiswa Study Abroad
    Tips Beradaptasi dengan Perbedaan di Negara Lain Untuk Mahasiswa Study Abroad

    Contoh Cerpen Basa Jawa Tentang Pendidikan Keluarga – Minggu esuk iki Dito ora kaya biasane. Dito katon wira-wiri ana ngarep omah. Dito katon kwatir, kamangka biasane dina Minggu esuk ngene iki Dito dolan karo kanca-kancane numpak pit biru kasenengane, mubeng-mubeng kompleks perumahan utawa dolan ing taman kutha. (lebih…)

  • Sepatu Anyar, Kumpulan Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak

    Kata-kata Mutiara Tentang Pakaian
    Kata-kata Mutiara Tentang Pakaian

    Kumpulan Cerpen Bahasa Jawa Tentang Persahabatan Anak – “Wadhuh piye ya, sesuk nganggo sayak apa, ya? Terus sepatune sing endi, ya?” Mimi wira-wiri ana ing ngarep lemari pakaian karo miling-miling sayak sing arep dienggo ing pesta ulang taune Ririn.

    Critane, awan mau ing sekolahan, Mimi entuk undhangan pesta ulang taune Ririn sing arep dirayakake sesuk Minggu. Mimi seneng banget. Mimi pancen seneng pesta amarga ing pesta dheweke bisa mamerake sayake sing apik-apik lan larang.

    Bapake Mimi pancen sugih. Mimi sing jenenge dhawa Rara Utami Suryonegoro iku anake juragan batik sing sugih. Bapake, Pak Suryonegoro, kerep tindak menyang luar negri. Mimi kerep ditukokake barang-barang sing larang saka luar negri awujud sepatu, tas, jam tangan, lan uga dolanan. (lebih…)

  • Ajar Nulis, Koleksi Cerpen Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Anak

    Kegiatan Belajar Matematika Anak Yatim Piatu di Sanggar Genius Yatim Mandiri Jombang
    Kegiatan Belajar Menulis dan Mengerjakan Soal Matematika Anak Yatim Piatu di Sanggar Genius Yatim Mandiri Jombang

    Koleksi Cerpen Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Anak – Yoga, adhiku lagi lungguh ing kelas siji SD. Dheweke lagi mlebu sekolah rong sasi kepungkur. Yoga durung bisa nulis. Nanging dheweke angel banget yen didhawuhi ibu ajar nulis. Tugas saka gurune ing sekolahan uga ora tau dirampungake. (lebih…)

  • Kelangan Duwit, Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah

    Wisata Banyu Mili di Carang Wulung Wonosalam Jadi Obyek Wisata Terbaru dan Kekinian di Jombang
    Foto anak-anak sedang bermain di Wisata Banyu Mili di Carang Wulung Wonosalam Jadi Obyek Wisata Terbaru dan Kekinian di Jombang

    Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah – Semburat srengenge lan pedhut esuk sing adem isih nutupi sekolah pas aku tekan gapura sekolahan. Kelas-kelas uga isih sepi. Daklirik jam tangan cilik abang enom ing tangan tengenku, hemmm… lumayan, isih ana wektu limalas menit sadurunge bel mlebu muni. (lebih…)

  • Bocah Kembar, Cerpen Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Hidup

    Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik
    Gambar ilustrasi upaya penyelamatan hewan dan tumbuhan khas Indonesia oleh Hardi Cantrik

    Cerpen Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Hidup – Yuda lan Yudi bocah kembar. Yuda lan Yudi lagi sesasi iki pindah saka Kutha Yogyakarta menyang Kutha Solo. Bapake Yuda lan Yudi dipindhah tugas karo kantore, saiki dheweke manggon ing Kampung Rejomulyo, ing pinggiran Kutha Solo, sing isih akeh sawah lan kebonan.

    Yuda lan Yudi seneng banget manggon ing kampung amarga bocah kembar mau nemokake kanca-kanca sing nyenengake. Kanca-kancane padha seneng dolan ing omahe Yuda lan Yudi amarga bocah kembar mau ora eman nyilihake dolanane. Saakehe dolanan, saka mobil remote control, game watch, robot-robotan, mobil-mobilan, nganti model-model dinosaurus oleh dienggo dolanan bareng karo kanca-kancane.

    Nanging, ana polahane Yuda lan Yudi sing ora disenengi kanca-kancane. Yuda lan Yudi seneng ngganggu kewan-kewan. Kewan apa wae sing mlaku ing ngarepe mesthi diganggu. Ana-ana wae carane Yuda lan Yudi ngganggu kewan-kewan mau.

    Kaya dina Minggu iki, Yuda ngajak Yudi, “Ayo, Yudi, kuthuk iki didhelikake! Babone mesthi bingung nggoleki!”

    Sapisan pindho, kanca-kancane nganggep polahe Yuda lan Yudi sing seneng ngganggu kewan kuwi lucu lan isih lumrah. Kanca-kancane mikir bok menawa ing kutha Yuda lan Yudi arang nemoni kewan amarga ora ana sing ngingu kewan ing kutha. Pikire kanca-kanca polahe kaya ngono mau paling-paling mung sawetara.

    Nanging, tibake kadadean kaya ngono kuwi dilakoni Yuda lan Yudi saben dina lan ora jeleh-jeleh. Sawijining dina, bocah kembar lan kanca-kancane dolanan layangan ing sawah. Ing sawah pas akeh ndokerok padha mabur.

    Ngerti akeh ndokerok Yuda lan Yudi banjur lali karo layangane. Yudi banjur bisik-bisik karo Yuda. Bubar kuwi Yudi banjur ngomong marang kanca-kancane. “Kanca-kanca, timbang dolanan layangan, ayo padha nggolek ndokerok wae! Mengko ndokeroke ditaleni buntute nganggo bolah banjur diulukake kaya layangan!”

    Krungu usule Yudi kanca-kancane kaget. Apa tumon, ndokerok kok arep dienggo dolanan kaya layangan. “Kuwi jenenge nyiksa kewan. Ngendikane Pak Ustad, nyiksa kewan iku dosa,” Amir mangsuli usule Yudi mau.

    “Lho, awake dhewe ora nyiksa kok, mung ngejak dolanan ndokerok-ndokerok kuwi mau,” wangsulane Yuda ngewangi Yudi.

    Yudi manthuk-manthuk setuju karo alesane Yuda. Nanging kanca-kancane tetep ora gelem melu dolanan ndokerok. Akhire, Yuda lan Yudi dolanan dhewe. Mlayu ngalor ngidul ngoyak-oyak ndokerok.

    Yuda lan Yudi durung ngerti yen ndokerok kuwi mabure lincah lan cepet banget. Mencok sedilit banjur mabur maneh. Mesthi wae angel dicekel. Mulane Yuda lan Yudi durung bisa nyekel siji-sijia ndokerok. Akhire Yuda lan Yudi mung bisa nyabeti ndokerok-ndokerok mau nganggo alang-alang.

    Cerita Pendek Bahasa Jawa

    Sawise marem ngoyak-oyak ndokerok, Yuda lan Yudi banjur menyang kali ilen-ilenan sawah. Rencanane Yuda lan Yudi arep nggolek yuyu lan keong. Nanging, dumadakan Yuda Ian Yudi weruh semut ing suket sing ana ing pinggir kali. Yuda banjur nylentik semut kuwi mau. Semut kuwi nyegur ing kali lan keli.

    “Tulung tulung …,” jeritane semut kuwi mau. Yuda lan Yudi ngguyu kepingkel-pingkel rumangsa oleh dolanan anyar. Banjur kuwi,Yuda lanYudi banjur keceh ing kali. Dumadakan, Yuda nduwe gagasan.

    “Yudi, ayo nggawe wedi iwak-iwak sing akeh ing kali iki! Dibalangi nganggo krikil, yo!”

    “Yo yo nglumpukake krikil dhisik!” wangsulane Yudi.

    Byur Byur Byur..

    Krikile dicegurake siji-siji ora uwis-uwis. lwak-iwak padha wedi lan bingung, nglangi ngalor kidul ngetan ngulon muter-muter ora karuan. Ndeleng ngono kuwi Yuda lan Yudi seneng banget nganti klambine teles kabeh.

    “Wah piye iki, awake dhewe teles kabeh ngene. Ibu mesthi duka ki!” Yuda Ian Yudi pandeng-pandengan weruh klarnbine padha teles.

    “Aja mulih dhisik, nganti klambine garing,” usuleYuda.

    “Awake dhewe dede dhisik wae ing pinggir kali kene.”

    “Nanging, aku wus luwe, Yud. Awake dhewe kudu mulih iki. Mengko matur Ibu wae yen awake dhewe ora sengaja kecemplung kali.”

    “Usulmu top tenan,Yud,” wangsulane Yuda karo ngacungake jempol. Akhire, Yuda lan Yudi mutusake mulih arepa klambine padha teles. Nanging,Yuda lan Yudi ora ngliwati dalan kampung supaya ora ditakoni tangga-tanggane yagene klambine teles kabeh. Yuda lan yudi nrabas-nrabas Iiwat kebonan.

    “He, Yud! Ana banyak karo anak-anake,” bengoke Yuda.

    “Dioyak-oyak, yo!” Yuda lan Yudi banjur nggusahi banyak.

    “Pyek pyek pyek ….” Banyake padha mlayu keweden.

    Yuda lan Yudi ngguyu kepingkel-pingkel nganti ngos-ngosan. Kesel ngoyak-oyak banyak Yuda lan Yudi lungguhan ana watu gedhe ing pinggir dalan.

    “Wah, dadi ngelak banget,” sambate Yudi.

    “Kanggo tamba ngelak ngunduh jambune Mbah Marto kae, yo!”

    Ora let suwe, Yuda lan Yudi wis ana ing ngisor wit jambu. Lagi asyik-asyike mlumpat-mlumpat amarga ora geduk anggone nyenggek jambu, Yudi weruh buntelan aneh ing dhuwur wit jambu. Yudi nggumun banget.

    “Yud, apa ya sing gumandhul ana ing pang wit jambu kuwi?” pitakone Yudi.

    “Aku ya ora ngerti. Lagi ngerti pisan iki,” wangsulane Yuda,

    “Coba disenggek wae, yo!” Yudi manthuk-manthuk banjur nyenggolake kayu senggeke menyang buntelan aneh kuwi mau.

    Nanging… dumadakan, “Tulung …tulung …,” Yuda lan Yudi bengok-bengok njaluk tulung karo mlayu banter banget. Ing mburine, grombolan tawon ngoyak Yudi lan Yuda. Oh jebulane buntelan aneh kuwi mau omah tawon.

    Layak tawone ngamuk amarga rumangsa diganggu. Yuda lan Yudi sing wis teles tambah kebes klambine amarga nylametake awake nyegur ing blumbangan sing ana ing kebon kuwi.

    Daftar Pustaka:

    Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

    Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

    B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

    M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

    Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

    Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.

  • Bocah Santun, Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti

    Keceriaan anak-anak berlibur ke Museum Islam Nusantara Hasyim Asyari di Kawasan Wisata Makam Gus Dur Tebuireng Jombang
    Keceriaan anak-anak berlibur ke Museum Islam Nusantara Hasyim Asyari di Kawasan Wisata Makam Gus Dur Tebuireng Jombang

    Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti – Kampung Sidodadi sawijining kampung cilik ing kutha Sragen sing isih asri pemandangane. Hawane isih sejuk durung akeh polusi amarga akeh wit-witan gedhe ngrembuyung ijo godhonge. (lebih…)