
Koleksi Cerpen Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Anak – Yoga, adhiku lagi lungguh ing kelas siji SD. Dheweke lagi mlebu sekolah rong sasi kepungkur. Yoga durung bisa nulis. Nanging dheweke angel banget yen didhawuhi ibu ajar nulis. Tugas saka gurune ing sekolahan uga ora tau dirampungake.
Saben dina, gaweane mung nonton tivi. Arep mangkat sekolah nyetel tivi, mulih sekolah nonton tivi, bubar adus sore nganti surup tetep wae nonton tivi. Saking senenge nonton tivi, Yoga nganti apal banget jadwal acara tivi. Kapan ana acara tivi sing disenengi mesthi dheweke wis siap ing ngarep tivi.
Yen wis lungguh ing ngarep tivi betahe ora jamak. Apa maneh yen nonton film kartun sing dadi kesenengane: Sponge Bob, Avatar, Subasa, utawa Naruto, apa-apa dadi lali. Sinau nulis lan PR saka sekolahan akeh Ialine.
Yen pas acara tivi sing ora disenengi,Yoga ora nonton nanging ganti dolanan. Dolanane Yoga akeh banget. Motor-motoran, mobil-mobilan, gambar-gambar lakon kartun, lan robot-robotan. Saking akehe yen ditumpuk bisa sagunung anakan.
Sing marai Ibu duka, saben Yoga dolanan omah dadi kebak dolanan, pating slebar ing ngendi-endi. Jogan, kursi, meja, ngarep lemari, mburi lawang, nganti ndhuwur tivi ana dolanane Yoga. Ibu nganti kuwalahan wis ora duwe cara maneh kanggo mbujuk Yoga supaya gelem sinau nulis.
Kamangka, buku ajar nulis wis dipundhutake Ibu kanggo Yoga, saka buku ajar nulis aksara nganti buku ajar nulis kalimat. Ibu dadi susah banget mbayangake Yoga yen ora bisa munggah ing kelas loro.
Cerpen Bahasa Jawa
Sawijining dina, ing kelase Yoga ana wulangan Bahasa Indonesia. Wulangane dina iku dikte. Bu guru ngendika, bocah-bocah banjur didhawuhi nulis apa sing dingendikake Bu Guru. Bocah-bocah sakelas dadi anteng, ora ana swara kajaba swarane Ibu Guru sing lagi ndikte.
Kelas dadi sepi, mung ana swara kertase bocah-bocah sing lagi ditulisi nganggo potlot. Dumadakan, krungu swara, “Hik hik hik ….” Bocah-bocah sakelas padha kaget, kok ing tengah ulangan ana swara tangis. Bocah-bocah padha nggoleki swara tangisan mau.
Swara tangisan mau saka mejane Yoga. Kabeh padha mandengi Yoga sing lungguh ana ing bangku ngarep dhewe. Swara tangisan mau jebul swara tangise Yoga. “Ana apa, Yoga?” pitakonane Bu Guru karo nyedhaki Yoga.
Yoga mung meneng wae ora wani mangsuli pitakonane Bu Guru. Sirahe dhungkluk karo ndhelengi buku tulise sing isih resik durung ana tulisane babar blas. Bu Guru dadi mangerteni yen Yoga ora bisa nggarap ulangan dikte amarga durung bisa nulis.
Sawise kadadean iku, kanca-kancane sakelas dadi padha ngerti menawa Yoga durung bisa nulis. Yoga dadi isin banget. Yoga uga getun, apa maneh yen ngelingi ibune sing wis ndhawuhi Yoga sinau nulis bola-bali. Nanging Yoga ora tau gelem sinau. Ana wae alesane.
“Yoga ngantuk, Bu.Yoga pengin maem rumiyin. Mangke sonten kemawon, Bu. Sasampunipun adus.”
Ing dina Senen, Ibu Guru maringi wara-wara, “Kanggo murid sing diundang jenenge, wiwit sesuk kudu melu tambahan wulangan nulis!”
Yoga wis ngerti yen jenenge bakalan ditimbali Bu Guru. Nanging, tetep wae Yoga kaget lan krasa isin pas Bu Guru nimbali jenenge. Apa maneh mung jenenge dheweke sing ditimbali Bu Guru kanggo melu tambahan wulangan nulis.
Aduh, Yoga tambah isin banget. Yoga kudu sinau nulis ing sekolahan nganti jam siji. “Walah!” Yoga kesel banget mbayangake kudu sinau nulis ijen ing kelas kamangka kanca-kancane wis padha leren ing omah.
Ana maneh sing gawe luwih kesel Yoga, yaiku dheweke dadi kelangan wektu nonton tivi lan dolanan motor-motoran kasenengane. Nanging, Yoga kudu gelem nglakoni sinau nulis kuwi yen pengin bisa nulis lan munggah menyang kelas loro. Lan sing penting ora isin maneh karo kanca-kancane yen ana wulangan dikte.
Daftar Pustaka:
Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.
Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.
B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.
M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.
Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.
Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.
Tinggalkan Balasan