Kelangan Duwit, Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah

Wisata Banyu Mili di Carang Wulung Wonosalam Jadi Obyek Wisata Terbaru dan Kekinian di Jombang
Foto anak-anak sedang bermain di Wisata Banyu Mili di Carang Wulung Wonosalam Jadi Obyek Wisata Terbaru dan Kekinian di Jombang

Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah – Semburat srengenge lan pedhut esuk sing adem isih nutupi sekolah pas aku tekan gapura sekolahan. Kelas-kelas uga isih sepi. Daklirik jam tangan cilik abang enom ing tangan tengenku, hemmm… lumayan, isih ana wektu limalas menit sadurunge bel mlebu muni.

Tas dakselehake ing laci meja banjur mlayu metu kelas menyang taman sekolah. Ima, Rere, Ika, lan Fatma jebul wis padha lungguh ing kursi taman. Ngerti aku teka, Ima langsung ngawe.

“Tata, lungguh kene wae, sida titip tuku buku Bahasa Indonesia 6A ing toko bukune bapakku, ta?” Takone Ima karo nggeser lungguhe, menehi panggon kanggo aku lungguh.

“Sida no, aja lali diskone.”

“Oke, Friend. Aja lali diskone kanggo nraktir aku lho. Apa maneh yen Rere, Ika, lan Fatma sisan titip,” wangsulane Ima karo mesem nakal.

Durung katog sing gojegan, wis krungu swara banter saka ruang guru. Swara sing paling ora ditunggu murid-murid sasekolah. Yap! Swara bel mlebu kelas, swara sing kaya duwe tangan kuat banget narik murid-murid supaya mlebu kelas.

Nalika aku lan kanca-kanca mlebu kelas, Desi sing biasane melu ngumpul ing taman wus lungguh ing kursine.

“Hai, Des,” Ima ngluruhi Desi, “Kadingaren mau ora ketok ing taman.”

“Ho-o, bar sarapan mau wetengku banjur lara. Arep kumpul ing taman dadi males,” wangsulane Desi Iirih.

Cerita Pendek Bahasa Jawa

Bubar luruh-luruh Desi, aku karo Ima banjur lungguh kursi. Ima sing lungguh ing sandhingku wis mulai nyiapake buku pelajarane. Aku banjur kelingan arep titip dhuwit ing Ima kanggo tuku buku.

Daktarik tasku saka laci, kantongan tas ngarep dakbukak slerekane. Nanging dhuwit mau ora ana. Aku yakin banget yen dhuwitku mau daklebokake kantongan tas. Dakcoba nggoleki maneh. Kantong tas dakrogoh-rogoh alon-alon, nanging tetep wae dhuwit mau ora ana. Aku mulai wedi. Duh, ing ngendi dhuwitku?

“Ana apa, Ta?” pitakone Ima. “Kawit mau kok mung rogoh-rogoh tas wae.”

“Dhuwitku ing tas ora ana,” wangsulanku. “Coba gawanen rene tasmu, ben dakewangi nggoleki dhuwitmu. Sapa ngerti nyelip ing bukumu.”

Ima neliti salembar-salembar buku ing tasku. Nanging tetep wae ora ana dhuwite. Dumadakan aku krasa wedi banget, kepiye yen nganti dhuwit mau ilang? Kepiye tanggung jawabku marang Ibu sing maringi dhuwit mau? Ima mbolan-mbaleni neliti tasku nanging dhuwit tetep ora ana.

“Ta, lapor Bu Ratna wae, yuk,” usule Ima. Aku mung bisa manthuk pasrah karo usule Ima. Aku ngadeg saka kursiku nututi Ima sing wis ndhisiki mlaku tekan ngarep lawang kelas. Tekan kantor guru Bu Ratna wis siap-siap arep mulang menyang kelasku.

“Lho, Tata, Ima? Ngapa kok metu saka kelas? Kowe cah loro iki ora padha niat arep bolos, ta?” Bu Ratna nggojeki.

“Boten, Bu. Anu, niki Tata nembe wonten masalah. Artanipun ical wonten kelas,” wangsulane Ima rada wedi-wedi.

“Bener ngono, Tata?” pitakonane Bu Ratna karo mirsani aku. Aku mung bisa manthuk.

Akhire, aku crita kadadean ilange dhuwitku. Bu Ratna nyemak critaku karo manthuk-manthuk.

“Yen ngono, Ima, ajaken Tata bali ing kelas dhisik. Mengko Ibu arep ngewangi nemokake dhuwite Tata kuwi.”

Sawetara wektu Bu Ratna mlebu kelas. Kelas dadi sepi. Murid-murid meneng mak cep, siap nampa pelajaran saka Bu Ratna.

“Bocah-bocah, esuk iki Ibu pengin ngajak kowe kabeh dolanan,” swarane Bu Ratna jelas banget ing kelas sing sepi.

Dolanan? Aku lan Ima dadi bingung. Apa aku ora salah krungu? Bu Ratna ngajak dolanan, lha kepiye dhuwitku sing ilang? Mau janjine arep ngewangi nggoleki dhuwitku nanging kok malah ngajak dolanan. Aku karo Ima mung ulat-ulatan ora ngerti.

Cerpen Bahasa Jawa

“Sadurunge dolanan, Ibu perlu nata kelas dhisik. Coba kowe kabeh metu dhisik. Tata, Ima, lan Anto tetep ing kelas. Kowe cah telu bisa ta ngewangi Ibu nata dolanane?”

“Nggih, Bu,” Aku, Ima, lan Anto wangsulan bareng.

Kanca-kanca kabeh siji-siji ninggalake kelas. Kelas dadi kosong. Mung kari Desi sing isih Iungguh ing kursine. Ngerti ngono, Bu Ratna nyedhaki Desi.

“Desi, kowe ya kudu metu dhisik,” kandhane Bu Ratna marang Desi.

“E… e…. padharan kula sakit, Bu. Kangge ngadeg kraos sakit sanget,” wangsulane Desi karo mijet-mijet wetenge.

“O… yen ngono Ibu terake menyang UKS,” wangsulane Bu Ratna karo ngewangi desi ngadeg.

“Boten, Bu. E… e…. ampun Bu,” swarane Desi rindhik tur ndredheg.

“Kula wonten mriki kemawon, mangkeh saged mantun piyambak, kok.”

“Ibu ki kwatir yen kowe tetep ing kene mengko kowe saya lara,” wangsulane Bu Ratna karo tetep ngangkat awake Desi. Alon-alon, awake Desi keangkat.

Nanging, dumadakan, aku, Ima, lan Anto mlongo. Sawise Desi ngadeg, saka ngisor roke tiba dhuwit rong puluhan ewu.

“Lho, dhuwite sapa iki, Desi?” pitakone Bu Ratna karo mundhut dhuwit mau. Desi ora wangsulan. Sirahe saya ndingkluk ndelikake raine sing dumadakan dadi pucet.

“Desi, kowe ora krungu pitakonane Ibu, ta?” swarane Bu Ratna rada seru. Desi ngeremake mripate, nahan tangis.

Sinambi nahan tangis, Desi akhire ngaku yen dheweke sengaja njupuk dhuwit kuwi saka tasku mau esuk. Desi butuh banget dhuwit mau kanggo tuku obat amarga Ibune Desi sing wis randa seminggu iki lara lan durung bisa tuku obat. Saumpama bapakke isih sugeng mesthi kadadean iki ora bakal kelakon.

“Desi, piye wae njupuk duweke liyan kuwi tetep wae keliru. Cukup pisan iki wae, aja dibaleni maneh. Saiki, njaluka ngapura marang Tata, bubar kuwi kowe melu Ibu menyang UKS. Saiki aja nolak maneh, amarga Ibu arep njupukake obat kanggo Ibumu.”

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.

Bagikan artikel ini melalui:

7 Replies to “Kelangan Duwit, Cerpen Basa Jawa Tentang Persahabatan Murid Sekolah”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *