Bocah Santun, Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti

Keceriaan anak-anak berlibur ke Museum Islam Nusantara Hasyim Asyari di Kawasan Wisata Makam Gus Dur Tebuireng Jombang
Keceriaan anak-anak berlibur ke Museum Islam Nusantara Hasyim Asyari di Kawasan Wisata Makam Gus Dur Tebuireng Jombang

Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti – Kampung Sidodadi sawijining kampung cilik ing kutha Sragen sing isih asri pemandangane. Hawane isih sejuk durung akeh polusi amarga akeh wit-witan gedhe ngrembuyung ijo godhonge.

Yen awan wit-witan mau kaya payung sing bisa nutupi saka panase srengenge. Wit-witan mau uga panggonan manuk padha gawe susuh. Mula, saben esuk swara manuk pating cit-cit kepenak banget dirungokake.

Ing Kampung Sidodadi kuwi manggon kulawarga Pak Darmawan kang nduwe anak umur pitung taun jenenge Tito. Tito murid kelas loro SD Sidodadi. Ing Kampung Sidodadi Tito akeh sing nyenengi amarga grapyak, semanak, lan sopan.

Tito duwe kanca sakelas jenenge Dimas. Omahe Dimas pas ngarep sekolahan Sidodadi. Tito wis janjian karo Dimas yen dina Minggu iki arep dolanan layangan ing lapangan.

“Mumpung suk Minggu lapangane ora kanggo latihan bal-balan tur lagi akeh angin, penak banget yen kanggo dolanan layangan,” mangkono omonge Tito wingi marang Dimas pas ngaso.

Kebeneran, dina Minggu iki cerah banget. Sumunare srengenge ora kalang-kalangan mega mula langit katon biru resik. Tito siap-siap arep mangkat menyang omahe Dimas.

Benang sing kanggo ngulukake layangan wus digawa. Sawise pamit Ibu, Tito banjur mlaku menyang omahe Dimas. Ing dalan, Tito ketemu Bu Rukmono sing lagi wae kondur saka pasar. Amarga Bu Rukmono garwane Pak RT, akeh warga Sidodadi ngundang Bu Rukmono, Bu RT.

“Assalamu alaikum, Bu RT… eh Bu Rukmono,” Tito ngluruhi Bu Rukmono karo rada mbungkukake awake.

“Wa alaikum salam…. Tito, ta? Walah, Ibu lagi akeh blanjane ki nganti ora nggagas yen simpangan karo Tito,” wangsulane Bu Rukmono karo nduduhake kranjang blanjanane sing kebak sayuran lan buah seger.

“Kadosipun awrat, Bu, pripun menawi kula bektakaken dumugi daleme Bu Rukmono?” Tito omong maneh.

“Ora usah, Tito, idep-idep sisan olahraga,” wangsulane Bu Rukmono karo mesem.

“Lha, Tito arep menyang ngendi. Kok nyangking bolah satrontong?” Bu Rukmono matur malih.

“Kula badhe ngulukaken layangan kaliyan Dimas. Punika badhe ngampiri Dimas rumiyin,” jawab Tito.

“Yen ngono iki dakparingi apel kanggo Tito lan Dimas, ya.”

Bu Rukmono mbukak kranjang blanjanane, mendhet apel loro sing katon abang tur seger.

“Matur nuwun sanget Bu Rukmono, mangke kula paringaken paringane Bu Rukmono dhateng Dimas.”

Cerita Pendek Bahasa Jawa

Wektu kuwi, Nono sing omahe ana ing sandhinge daleme Bu Rukmono uga lagi arep menyang lapangan. Ora sengaja Nono ngerti kabeh kadadean mau. Atine Nono dadi nggondok.

“Aku tangga cedhake kok malah ora tau diwenehi? Genea Tito sing diwenehi? Apa ta kaluwihane Tito nganti wong Sidodadi padha seneng karo dheweke. Aku kudu golek sisik melik iki.”

Amarga penasaran banget, akhire Nono ngetutake lakune Tito. Tekan omahe Dimas, Tito banjur menehake apel sing diparingi Bu Rukmono.

“Wah, matur nuwun, To, apele katon seger, mesthi enak ki. Mengko yen aku ketemu Bu Rukmono, aku arep matur nuwun wis diparingi apel.”

Sawise mangan apel, Dimas lan Tito langsung menyang lapangan. Tralala… trilili… bocah loro nyanyi-nyanyi karo nggawa layangan. ing mburine bocah loro mau, Nono ngetutake terus.

Tekan lapangan, Dimas lan Tito leren ing ngisor wit asem sing ana ing pinggir lapangan. Ora let suwe bocah loro mau banjur asik masang benang kanggo ngulukake layangane.

“Assalamualaikum,” Dimas lan Tito kaget ana salam saka mburi. Suara salam mau jebulane saka Mbah Gino sing ketok sayah banget amarga mbeta gedhang satandan.

“Waalaikumsalam,” wangsulane Tito lan Dimas bareng. Tekan ngisor wit asem, Mbah Gino banjur mbukak capinge kanggo tepas-tepas.

“Waduh, napas tuwa ki wis ora kuat maneh nggawa-nggawa barang abot rada adoh. Niate njupukgedhang ing kebon nanging tenaga wis ora kuat maneh. Piye yen Simbah jaluk tulung kowe cah loro nggawakake gedhang iki tekan daleme simbah?”

“Nggih, Mbah, mangga kula bektakaken pisangipun,” wangsulane Tito lan Dimas. Tito Ian Dimas banjur ngenceng-enceng satundun gedhang sing kuning-kuning kaya emas.

Cerita Pendek Basa Jawa

Tekan daleme Mbah Gino, Tito lan Dimas banjur nyelehake gedhang ana ing dhapa. Sawise nyelehake gedhang, Tito lan Dimas marani Mbah Gino sing wis leyeh-Ieyeh ana ing Iincak amarga kesayahan.

“Mbah, pisangipun sampun kula selehaken wonten dhapa. Gandheng sampun cekap, kula pamit rumiyin.”

“E aja padha mulih dhisik …,” wangsulane Mbah Gino.

“Nyuwun ngapunten, Mbah, kula badhe ngulukaken layangan bolah,” wangsulane Tito.

“Ya, wis, yen ngono njukuka gedhang mau, miliha sing wis mateng kanggo sangu menyang lapangan.”

“Matur nuwun sanget, Mbah, boten usah kemawon,” wangsulane Dimas.

“Assalamualaikum.” Sawise Dimas lan Tito pamit, putrane Mbah Gino, Mbak Asih, metu saka lawang ngarep.

“Ngendikan kaliyan sinten ta, Pak, kok gayeng sanget?”

“Kae lho,Tito karo Dimas, bubardakjaluki tulung ngangkatake gedhang. Mau Bapak tekan Iapangan wis ora kuat, tenagane wis ilang ki,” wangsulane Mbah Gino karo mijet-mijet tangane.

“O Tito putrane Pak Darmawan punika ta. Pancen larene santun sanget lan enthengan. Menawi Dimas sangertos kula Iarene semanak sanget, kalih sinten kemawon luruh-luruh:”

“Bener omongmu. Dakacungi jempol bocah loro kae. Jarang lho bocah saiki santune kaya Tito lan Dimas. Ngajeni wong tuwa, ora tau lali ngomong matur nuwun yen diparingi lan gelem ngucapake salam yen ketemu sapa wae.”

Kabeh kadadean mau ora luput saka pangawasane Nono.

“O, dadi kuwi ta kuncine, genea Tito padha disenengi wong-wong,” batine Nono sing kawit mau ndhelik ana mburi pager teh-tehan sing ana ing sandhing omahe Mbah Gino.

“Wah, yen pengin disenengi wong akeh, kudu santun, semanak, lan enthengan. Ketoke ya ora abot ngucapake salam lan ngucapake matur nuwun. Yen ngono aku uga arep niru tumindake Tito lan Dimas.”

Daftar Pustaka:

Abikusno. 1981. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Penerbit Ekspress Surabaya.

Adi, Ki Begawan Tjipto. 2010. Pepak Aksara Jawi. Solo: Widya Duta Grafika.

B., Partini. 2010. Sinau Unggah-Ungguhing Boso Jawi. Yogyakarta: Panji Pustaka.

M., Nur Laili. 2015. Jagoan Cilik: Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa. Yogyakarta: Javalitera.

Subroto, Suryo & M. Abi Tofani. Mumpuni Basa Jawi Pepak. Surabaya: CV Pustaka Agung Harapan Surabaya.

Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.

Bagikan artikel ini melalui:

4 Replies to “Bocah Santun, Kumpulan Cerita Anak Basa Jawa Tentang Budi Pekerti”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *